DAGELAN - LOWONGAN KORUPTOR

LOWONGAN KORUPTOR......

Mbah Sarkim 54 th, nemoni Pak JARWO bekas koncone SMA biyen sing saiki wes dadi wong gede alias ngetop yoiku dadi Ketua Umum Partai( sing terkenal sak Indonesia ) nang Hotel J.W.Marriot Suroboyo.
Mbah Sarkim nemoni Pak JARWO koncone lawas iku onok perlu arep golek gawean digawe ngisi kesibukan masa masa lanjut usiane.
“Cak JARWO, Aku golekno gawean opo'o, gak usah kakean omong kon dewe lak wes ngerti khan reputasi karo tanggung jawabku nek soal penggawean ae, cuma sayange aku iki gak duwe ijazah.” jare Mbah Sarkim.
“Sampean lak wes dadi anggota Partai ku khan ?” Takone Pak JARWO Koncone.
“Yo uwes lah, kaet Partai iki berdiri.” jare Mbah Sarkim.
“Oke, nek ngono sampean tak dadekno ae Waketum, Wakil Ketua Umum Partai, Sampean dadi wakilku nang Partai, kiro kiro engkok penghasilane isok satus jutaan sakwulan.” jare Pak JARWO.
“Waduh Cak, aku ojok diwenehi jabatan sing duwur karo sing penting ngono iku, nek keduwuren aku mbedidhing Cak".
jare Mbah Sarkim.
Krungu jawabe Mbah Sarkim ngono iku Pak JARWO mikir maneh,
“Hmmm, opo ngene ae, Sampean tak dadekno direktur operasional nang Freeport Papua yok opo, Gajimu satus selawe juta sak wulan.”
“Ojok, ojok, jabatan iku jik keduwuren digawe aku, kanggone aku cukup penggawean sopir ae, terserah sopir pribadi, sopir bis, opo sopir truk sing bayarane UMK ae wes cukup Cak JARWO”.
“Wah sepurone ae, nek kerjoan sing gak ono kontribusine digawe nyugihno Partai aku gak iso nggolekno Mbah Sarkim, nek penggawean sopir malah sampean kudu duwe Ijazah.......”
jare Pak JARWO.
!××@#÷=$%_€&£¥₩

Komentar

Postingan Populer