DAGELAN EDO ISKANDAR

Mbah Sarkim LORO MOTO......

Mbah Sarkim 54 th loro moto, motone kepekso diperban loro-lorone.
Pas wayahe kontrol mriksakno motone, Isuk isuk Mbah Sarkim lungo nang dokter moto dituntun ambek ponakane mergo gak weruh dalan karo gak isok ndelok.
Teko ndhik dokter moto langsung lungguh ndhik ruang tunggu, ponakane dikongkon mulih "Wis kono ndang muliho le, koen ngrewangi emakmu ae ndik omah, Nek wis mari ditambani engkok aku isok mulih dhewe kok", ponakane langsung nggeblas mulih.
Sampek mari duhur, Saropah bojone Mbah Sarkim sing ndhik omah ngenteni Mbah Sarkim kok suwe gak mulih mulih.
Akhire Saropah bojone nyusul nang dokter moto.
Teko kono bojone weruh Mbah Sarkim ndhik ruang tunggu lungguh tenguk tenguk dhewekan ambek motone jik perbanan kabeh.
Bareng weruh karo moco tulisan ndhik lawange ruang praktek dokter moto, Saropah bojone njenggirat kaget, Mbah Sarkim diseneni "Ealah Pak, Pak..lha koen nunggoni sampek Riyoyo Jepang yo gak bakalan diprikso, Lha iku ndhik lawang wis onok tulisane "HARI INI TIDAK PRAKTEK".
×@#÷=$%/€^£*¥₩

Komentar

Postingan Populer