DAGELAN - NGGONE BAYI METU

NGGONE BAYI METU.........

Mbah Sarkim 54 th, mari dioperasi usus buntune nang Rumah Sakit Karang Menjangan. Sakmarine dioperasi kondisine wes rodok apik. Isuk isuk Mbah Sarkim awake diseko utowo diresiki karo suster suster ayu sing ijik enom enom, seksi karo grapyak semanak.
Mergo awake Mbah Sarkim didemek demek tangan, diseko karo suster ayu iku mau, Masiyo durung kuat temenan, nakale Mbah Sarkim malih kumat maneh, pikiran jorok kambuh, terus nduwe ide nggudo suster.
Mbah Sarkim : "Suster, kon nek tak wenehi duit 500 ewu, oleh enggak aku ndelok isine BH mu suster...?"
Suster : "Aaahh... tanggung Mbah, nek sampean gelem ngekek'i rong juta, sekalian tak tambahi ndelok nggone bayi metu..."
Mbah Sarkim langsung semangat karo sueneng poll : "Bener tah, yo wes, oke, oke, iki lho duite gowoen."
Mbah Sarkim ngekekno duite.
Suster (sakmarine nompo duit) : "Mbah, saiki sampean mudun teko tempat tidur, ayok metu kamar, sampean engkok belok kanan, terus sampean mlaku lurus ae melok koridor iku sampek notog, terus belok kiri. Nah, nang pojokan koridor iku engkok wes onok tulisane RUANG MELAHIRKAN DAN PERAWATAN BAYI. Naaahhh... yo nang kono iku Mbah panggonan metune bayi.
Sampeyan oleh kok ndelok karo nongkrong sak mblengere ...".
!+×@#÷$=€&£¥₩

Komentar

Postingan Populer