DAGELAN .... RONDO AYU

RONDO AYU......

Mbah Sarkim 54th, oleh SMS teko Rani rondo ayu anak telu sing omahe sebelah gerdu.
Isine SMS :
"Mas Sarkim, iki malem Jum'at aku rasane kok kesepian, aku wes gak tahan, ." jare Rani.
"Aku pengen lungo nang Pantai Ria Kenjeran, menikmati hidup".
"Sampean bengi iki gak duwe acara tah Mas Sarkim ?" terusane SMS teko Rani.
Moco SMS iku Mbah Sarkim saknaliko semangat poll :
"Enggak, bengi iki aku nganggur kok..!" jare SMS e Mbah Sarkim karo celingukan bekne ono Saropah bojone liwat.
"Yo wes, nek ngono cepetan ndang mrinio Mas Sarkim" balese SMS teko Rani.
Mbah Sarkim gak pamit bojone langsung mblancang mlayu nang omah sebelahe gerdu perlu nemoni rondo ayu anak telu Rani.
Teko ngarep lawang tamuan omahe Rani, Mbah Sarkim wes disambut Rani karo mesem ngguyu kegirangan.
" Yo wes Mas Sarkim, sampean langsung melbu kamar ae dhisik" jare Rani.
"Iku dienteni telu anak anak ku, sampean dijak karambol sekalian aku titip arek arek tunggonono sampek aku mulih yoo Mas Sarkim...."
!+×@#/=€£¥₩=

Komentar

Postingan Populer