DAGELAN - DICEGAT POLISI

DICEGAT POLISI.......

Mbah Sarkim 54 th, gawe ngisi kesibukan karo olahraga cikno sehat karo awet enom, sak ben isuk tok nglakoni mancal becak.
Wingi Isuk isuk wes oleh plaris penumpang sitok sing njaluk diterno teko pasar mblauran nang toko kembang ndik jalan kayon.
Apese Mbah Sarkim pas teko ngarepe Siola Tunjungan dicegat karo Polisi, mergo dianggep ngelanggar rambu “becak dilarang masuk”.
Mbah Sarkim liwat nang Tunjungan sing onok rambune gambar becak disilang garis abang sing artine dalan Tunjungan iku gak oleh dilewati becak.
“Matamu gak ndelok onok rambu larangan iku tah ?... Iku lak wes onok gambar becak gak oleh lewat kene se !!” Mbah Sarkim dibentak pak polisi karo nuding plang rambune.
“Oalah aku yo ndelok pak nek rambu ngono ae, tapi iku lak gambar becak tok kosongan, gak onok penumpange, karo gak onok sing mancal, Lah iki becakku onok sing numpak karo yo onok sing mancal, Becake gak kosongan, berarti lak yo oleh liwat se”. jawabe Mbah Sarkim.
“Goblok kon iku, gak iso moco tah ??, ngisore iku lak yo onok tulisane "becak dilarang masuk”, pak polisine mbentak maneh geregeten.
“Waduh pak, aku gak iso moco he, cobak iso moco, aku gak mbecak pak, aku isok dadi polisi koyok sampean ngene iki” jare Mbah Sarkim cengengesan.

Komentar

Postingan Populer