DAGELAN ... NAKSIR BU DOKTER

NAKSIR BU DOKTER.....

Mbah Sarkim karo Cak Slamet teko nang pesta resepsi pernikahan, Mbah Sarkim ndelok ndelok ketok onok siji cewek uayu nang tengah tengahe poro tamu undangan.
Mbah Sarkim molai tertarik, terus nakoni Cak Slamet koncone :
Mbah Sarkim : "Cak Slamet, kon kenal tah karo cewek iku lho sing klambine abang ??".
Slamet : "Oalah iku tah, iyo aku kenal, Jenenge Tutik, iku wes rondo Mbah, tapi iku ngono dokter rek, ijik ponakane Mbah Wakidi (sing saiki nduwe gawe mantu iki)".
Mbah Sarkim : "Wow... keren !! Dokter rondo yo ? Hmm... pasti wonge sugih, ekonomine yo mapan, eman nek gak duwe bojo".
Slamet : "Cie...cie... kumat maneh, ....naksir yo ?".
Mbah Sarkim : "Ya iyalah, Wong aku yo jik normal kok, opo maneh weruh onok rondo, Dokter sisan".
Slamet : Terus yok opo mbah carane sampean PDKT ne ??.
Mbah Sarkim : "Aku tak purak-purak loro cikno diperikso karo Dokter Tutik iku, nek perlu tak njaluk diopname suwene pitung wulan cik iso ngrebut atine".
Slamet : "Wis yakin tah sampean Mbah ?".
Mbah Sarkim : "Ya Iyalah Sarkim dilawan (karo mesam mesem), Terus omong omong Dokter Tutik iku prakteke nang endhi ??".
Slamet : "Ndik Rumah Sakit Jiwa Menur !!!".
!+×@#$÷=%€&£¥₩

Komentar

Postingan Populer