GUYON NGAKAK MAS EDO ISKANDAR

Wong Ngemis - 2


Saropah bojone Mbah Sarkim pas mlaku nang Tunjungan Plaza, ketemu wong ngemis wedok nang pojokan dalan kaliasin gang kumpo.
Wong ngemis iku nyopo Saropah ngomong njaluk duit digawe mangan.
Wong ngemis iku melas ketok pakaiane lusuh, kumel, mbladhus kotor kabeh.
Saropah ngesakno ndelok wong ngemis iku terus njupuk dompet, ngetokno duit limang atus ewu karo terus nakoni, "Ning, nek sampean tak wenehi duit iki, opo sampean milih tuku klambi, tuku perhiasan opo penting gawe tuku mangan ??"
"Mboten Nyah, kulo durung tau tuku klambi nopo malih perhiasan kulo niki seumur hidup asli melarat nyah," jawabe wong ngemis wedok iku.
"Opo arep mbok entekno digawe njajan-njajan utowo blonjo-blonjo sandal, tas utowo gawe ngelencer ?. Takone Saropah maneh.
"Mboten Nyah, kulo mboten wonten waktu, mboten nggadah yotro, damel belonjo nopo malih ngelencer, saget mangan mawon sampun untung alhamdulillah," jare wong ngemis wedok iku.
"Opo engkok arep mbok gawe potong rambut utowo perawatan nang salon ?" Takone Saropah pisan maneh.
"Edan nopo, wong mangan mawon susah kok damel ten salon barang ?" jawabe wong ngemis wedok iku.
"Kulo niki mpun 10 puluh tahun blas mboten nate potong rambut nopo malih perawatan ." jare wong ngemis wedok iku maneh.
Saropah terus ngomong, "Yo wes. Duit limang atus ewu iki tompoen, Saiki sampean ayok melok nang omahku, engkok tak tambahi maneh duit rong Juta karo mangan mangan ndik omah ketemu karo Cak Sarkim bojoku."
Wong ngemis wedok iku kaget,
"Waduh nyah, kulo isin, kulo wedi, mangke bojo sampean nesu nyah?! Ningali kulo sing kotor kalih mambu ngeten niki."
Saropah njawab karo santai, "Gak opo opo, gak usah kuwatir penting sampean oleh duit, Sampean tak pamerno bojoku,
Cak Sarkim bojoku cik iso ndelok,
Cik weruh yok opo dadine nek wong wedok iku gak diblanjani duit, digawe belonjo, digawe perawatan, digawe nang salon, digawe tuku perhiasan, digawe ngelencer."
#@×$=€¥₩£€_÷×

Komentar

Postingan Populer