DAGELAN ... BEDO UMUR



BEDO UMUR....
Mbah Sarkim 54th, Saropah 50th, lagi ngerayakno ulang tahun pernikahan sing Ke 30, karo mangan mangan nang rumah makan hotel Shangrilla Suroboyo.
Moro moro lampu nang rumah makan iku mati....., pet ! suasana romantis malih dadi berubah peteng dedet.
Pas lampu peteng Mbah Sarkim karo Saropah moro diketoki Jin.....
Jin : “Mbah Sarkim, karo Saropah... bengi iki spesial gawe peringatan 30 tahun pernikahan sampean, aku arep ngekek'i hadiah”.
Saropah : “Wah.. bener tah iki ??.....”.
Jin : “Bener.. Mbah Putri....,sampean arep njaluk opo ?..”.
Saropah : “Aku njaluk tiket pesawat PP, gawe nang JEPANG, wong loro karo Mbah Sarkim..., ojok lali sangune rek digawe mlaku mlaku terus nginep nang hotel kono !”.
Jin : “Yo wes.. meremno motomu Mbah Putri. SIMSALABIIM!! Cling !!!” (moro moro nduwur mejo wis onok tiket pesawat, karo duit sangu Rp. 20 juta).”
Jin : “Saiki ganti Mbah Sarkim, sampean njaluk opo ??”.
Mbah Sarkim : “Aku wes bosen nek karo Bojo mbah mbah tuwek...Aku njaluk bojo sing selisih umure 30 tahun luwih enom teko aku !!".
Jin : “Beres Mbah..., Saiki ndang merem motomu......, ABRAKADABRA..... Cling !!!!”.
Saknaliko Mbah Sarkim berubah dadi Buyut sing umure 80 tahun, selisih 30 tahun karo Saropah 50 tahun........
!#×+#=%&€£¥₩

Komentar

Postingan Populer