DAGELAN EDO ISKANDAR

WONG JUJUR......

Mbah Sarkim 54 th, pamitan karo Saropah bojone kate tuku rokok sebelahe gerdu poskamling.
Mari tuku rokok ndilalah Mbah Sarkim ketemu Mintuk bekas pacare biyen.
Gak kroso Mbah Sarkim sir siran nang omahe Mintuk sampek jam rolas bengi.
"Waduh blaen iki, isok mencak mencak iki Saropah bojoku, aku njaluk wedakmu sitik opo'o dik Mintuk" jare Mbah Sarkim.
Mari digawani wedak sak gegem Mbah Sarkim mblancang mulih.
"Mblakrak nang endhi ae sampean iku cak, tuku rokok nang Hongkong tah, kaet maghrib gak mulih mulih " jare Saropah bojone Mbah Sarkim purik.
"Ngene lho dik Saropah, mari tuku rokok mau aku ketemu arek wedok ayu, terus aku dijak sir siran sampek lali mulih" jare Mbah Sarkim jujur.
"Cak cak ndelok praen, modelmu koyok ngono ae atek sir siran barang......se ndeloki tanganmu !!!!" jare Saropah.
Pas didelok, tangane Mbah Sarkim putih kabeh mergo nggegem wedak.
"Kaspo tok sampean iku cak Sarkim...!!!, Mene maneh sampek konangan karambol nang gerdu poskamling awas kon yo !!!"
!@×#÷$=%/_^€&£*¥₩)(

Komentar

Postingan Populer