DAGELAN MAS EDO ISKANDAR

RIYOYO JEPANG....

Mbah Sarkim 54 th, duwe kenalan wong Jepang jenenge Mr.Takada direkture PT.Ben-Bento.
Wong Jepang iki sak umuran karo Mbah Sarkim, tapi Jepang sing siji iki gak koyok umume wong Jepang, wonge antik pol,
wong Jepang tapi senengane ngersulo utowo sambat ae.
Nek ukurane wong Jowo, Jepang sitok iki yo wes sugih tapi jik sambat kekurangan ae.
Sarkim : "Sampean iku lho wes sugih kok jik sambat ae se mister ?"
Takada : "Gak ngono cak Sarkim, sampean gak iso ngeraksakno iku opo abote urip nok Jepang"
Sarkim : "Bayaranmu lak akeh se, pangkat jabatan dadi direktur yo nyekel, jik kurang opo maneh ?"
Takada : "Cak Sarkim, nek ukurane wong Jepang aku iki nang kono termasuk kaum Duafa alias wong gak duwe, mangkane berangkat mrene dadi TKJ".
Sarkim : "Opo iku TKJ"
Takada : "Tenaga Kerja Jepang".
Sarkim : "Hua..ha ..ha isok ae sampean iku mister".
Takada : "Cak Sarkim duwe ide tah gawe aku ?"
Sarkim : "Oke, oke, aku nduwe ide"
Takad : "Opo iku Cak ??".
Sarkim : "ngene, kapan sampean mulih nok Jepang ?".
Takada : "Minggu ngarep cak, mbarengi riyoyone wong Jepang"
Batine Mbah Sarkim onok tah riyoyo jepang iku.
Sarkim : "Wah ketepakan, nek sampean percoyo karo aku, iki aku duwe pusoko keris tinggalane embahku gowoen iso mbok gawe, khasiate iso nambani sambatanmu mau, sing jare kon jik serba kekurangan urip nok jepang ".
Takada : Carane karo syarate yok opo Cak Sarkim ?"
Sarkim : " Kerise mbahku iki iso ngrubah uripmu sing maune gak duwe iso malih dadi duwe, cumak syarate, keris iki kudu mbok cekel nang tanah jepang, nek mbok cekel nang tanah jowo, ilang khasiate".
Takada : "Ngono yo Cak Sarkim, yo wis nek ngono Minggu ngarep ayo melok aku nang jepang tak tukokno tiket PP gratis kerise gowoen".
Cak Sarkim sido lungo nang Jepang karo Mr.Takada, tekone nang kono kerise dikekno.
Mari ngono Mbah Sarkim balik mulih maneh nang Sepanjang.
Teko omah Mbah Sarkim ngguyu kemekelen sampek wetenge kaku karo ngomong "Kapan maneh nglencer nang Jepang gratis cumak bondo keris mauludan ha..ha..ha.."
Rong ulan sakmarine Mbah Sarkim lungo nang Jepang, moro moro Mr.Takada telpon : "
Cak Sarkim, bener tah keris iki bakal iso ngrubah aku sing asale teko gak duwe iso dadi duwe ??"
Sarkim : "Demi Allah Mister, aku gak mbujuk, iku bener bener iso ngrubah sampean sing ASALE GAK DUWE, MALIH DADI ISO DUWE KERIS !!".
@×#$÷=%^&€££₩

Komentar

Postingan Populer