DAGELAN EDO ISKANDAR

BIS MELBU TEROP.....

Mbah Sarkim 54th, DITANGKEP pak polisi maneh mergo kasus tabrakan.
Polisi: "Ya'o po critané sampèk kowe nabrak uwong 20 iku?"
Sarkim: "Aku nyetir mobil kecepatan 90 km/jam. Pas nang pertelon moro2 rèm-é blong.
Nèk ngiwo onok wong lanang loro, lha nèk nengen onok pésta kawinan.
Cobak pak Polisi, nèk Bapak, pilih nabrak sing endi?"
Polisi: "Yo mesti ngiwo, korbané luwih thithik."
Sarkim: "Persis.!! Aku yo mikir ngono Pak !"
Polisi: "Trus la'opo wong2 sing nang pésta kawinan sing kenèk tabrak?!"
Sarkim: "Lhaaa, niku masalahé. Aku wis milih wong lanang loro sing nang kiwo,....eh dèk-é malah mlayu nyabrang moro nang pésta kawinan..dadi aku yo mbanting stir nengen, nguber wong loro mau Pak...!"
Polisi: "Guuuoobluuuooogg...."
Sarkim: "Enggih leres!! pancen wong lanang loro mau guobloook puooool nggeh pak Polisi. Koq ndadak nyabrang nang pésta kawinan barang...."***
@×#÷$=/%_^&€£*(¥₩)

Komentar

Postingan Populer