DAGELAN EDO ISKANDAR

BOCOR ALUS....

Mbah Sarkim bingung nggoleki Saropah bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire ketemu.
Mbah Sarkim kuaget pol, lha kok tibake Saropah bojone lagi ndhodhok ndhik tengah lapangan bal balan, waduh sempel wong iki pikire Mbah Sarkim.
Seko pinggir embong Mbah Sarkim mbengoki Saropah bojone.
"Ooooiii !!! Laopo kon ndhik kono dik Saropah ?" jare Mbah Sarkim ambek bengok-bengok.
"Lho sampeyan gak kethok tah, iki aku lagi numpak perahu Cak nang tengah segoro" jare Saropah.
"Waduh dik, mulakno wong wong podo ngarani awakmu iki gendeng, wong kelakuanmu pancene koyok ngono dik. Ayok ndhang mulih, ojok ngisin-ngisini aku" jare Mbah Sarkim emosi.
"Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak e golek iwak dijak muleh" jare Saropah.
"Mulih tah nggak !!!" jare Mbah Sarkim muntap.
"Emoh Gak gelem!! " jare Saropah.
"Tak gibheng lho yo kon engkuk !!!" jare Mbah Sarkim.
"Rinio lho lek wani !!" jare Saropah nantang.
"Oo... saking ae aku GAK ISO RENANG" jare Mbah Sarkim.
!@×#+÷$=^%^_&€£*¥()₩

Komentar

Postingan Populer