EDO ISKANDAR

BAKUL BAKWAN....

Enak enak turu tengah wengi Agil 4 th anake Mbah Sarkim sing ragil nangis gero gero koyok wong keweden.
"Aku ngimpi mbah kung mati..." jare anake Mbah Sarkim.
Isuke durung budal kerjo onok telpon ngabarno nek Bapake Mbah Sarkim sing nang Kediri kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe sak marine mbah kung kediri mati, tengah wengi anake Mbah Sarkim nangis maneh gero gero koyok wong keweden.
"Aku ngimpi mbah putri mati.." jare anake Mbah Sarkim.
"Wes tah le, iku cumak ngimpi ojok dipikir, ndang turuo maneh"
Mbah Sarkim ngongkon turu.
Isuke durung budal kerjo onok telpon ngabarno nek Ibuke Mbah Sarkim sing nang Kediri, nggeblak kepleset nang jeding, mati pisan.
Mari bancakan pitung ndinane Ibuke Mbah Sarkim, Ragil anake Mbah Sarkim tengah wengi nangis gero gero keweden maneh.
"Aku ngimpi Bapak mati.." jare Ragil anake.
"Wes le ndang turu maneh, ojok percoyo ngimpi" Mbah Sarkim ngandani.
Mari ngandani ngono, ganti Mbah Sarkim sing gak iso turu, matane ketap ketip, raine pucet keweden mbayangno nek sesuk isuk beneran bakal sido mati pikire.
Isuk isuk durung budal kerjo, Saropah bojone Mbah Sarkim nangis gulung gemek ambek gero gero.
"Laopo kon iku isuk isuk nangis ngono iku ???" takone Mbah Sarkim nang bojone.
"Iku lho Cak.....WAKIDI BAKUL BAKWAN langgananku mati....!!!".
!#@$+=×÷%/&^€_£¥(*)₩

Komentar

Postingan Populer