DAGELAN ... LUNA MAYA

LUNA MAYA.....
Mbah Sarkim 54 th, nang sawah golek suket digawe pakan sapi.
Pas lagi njupuk suket ndik pinggir kali, arit sing digawe mbabati suket mencelat kecemplung kali.
Mergo iku siji sijine arit duwek'e..., Mbah Sarkim sampek nangis arite ilang kecemplung kali.
Ambek nyemplung kali nggoleki arite, Mbah Sarkim ndonga terus supoyo isok ketemu maneh.
Kepegelen olehe nggoleki gak ketemu, Mbah Sarkim nggletak klesetan pinggir kali.
Moro moro Mbah Sarkim diketoki Jin sing njogo kali.
Jin : “Laopo Mbah Sarkim, kon nangis barang ?”. takone.
Ambek ngelap banyu moto Mbah Sarkim crito nek kelangan arit duwek'e siji sijine.
Saknaliko Jin ngilang sediluk terus "Cling" muncul maneh karo nggowo Arit teko Emas.
Jin : “Iki tah Aritmu ?”.
Mbah Sarkim: “Duduk iku”.
Jin ngilang maneh terus "Cling" muncul maneh nggowo Arit teko Perak. “Opo sing iki tah aritmu ?” takone.
Mbah Sarkim : “Iku yo Duduk Jin”.
Jin ngilang maneh, terus "Cling" muncul maneh karo nggowo arit gowang sing wes uelek gagange kayu bahan teko wesi. “Opo sing iki tah aritmu ?”.
Mbah Sarkim : “Naaah, yo iki sing bener aritku, Alhamdulillah isok ketemu”.
Jin : “Alhamdulillah, mergo sampean wonge jujur, yo wes arit telu iki gowoen kabeh (emas, perak, wesi) digawe hadiah kejujuranmu..!”.
Mbah Sarkim mulih nggowo suket karo tambah hadiah arit teko emas karo perak.
Sisuke Mbah Sarkim ngejak Saropah bojone nang pinggir kali kono, karo nyritakno kedadian pas oleh arit emas perak.
Pas nyabrang kali, Saropah kepleset terus nyemplung kali.
Mbah Sarkim nangis gulung gemek karo gero gero nang nduwur jembatan bojone ilang kecemplung kali.
Kepegelen olehe nangis karo ndonga, Mbah Sarkim akhire nggletak karo klesetan nang nduwur jembatan.
Moro moro teko maneh Jin sing njogo kali kono, yo sing wingi wes ngekek'i Mbah Sarkim arit telu.
Jin : “Kon laopo nangis maneh Mbah Sarkim ?”.
Mbah Sarkim : “Saropah bojoku sitok-sitok'e kecemplung kali”.
Jin saknaliko ngilang (koyok wingi) terus "Cling" muncul maneh karo nggendong LUNA MAYA, “Iki tah bojomu ?” takone.
Mbah Sarkim : “Nah yo iku bener bojoku !!” semangat.
Jin (NGAMUK) “Kon Mbujuk !!!!, nang endhi kejujuranmu sing wingi ????...”.
Mbah Sarkim ndredeg keweden ndelok Jin ngamuk “Jin, Aku nek njawab duduk bojoku..., engkok kon mesti balik maneh nggowo CUT TARI..., terus maringono nggowo maneh SAROPAH.., Aku iki wes tuwek Jin, gak koyok Ariel peterpan,
Nek LUNAMAYA, CUT TARI, karo SAROPAH mbok kekno aku kuabeh dadi bojoku..... MANA KUAAAAAT..
.......

Komentar

Postingan Populer