DAGELAN EDO ISKANDAR

NOSTALGIA - 2

(Rabine Mbah Sarkim vs Saropah)
Biyen selawe tahun kepungkur pas jik enome Mbah Sarkim, tau kerjo dadi sales sabun deterjen.
Pengalamane Mbah Sarkim blusukan nang rumah tangga ndik kampung-kampung, mergo dadi sales sabun deterjen, akhire isok nggandeng Saropah, arek kemayu teko Kaliasin gang Pompa Suroboyo.
Gak urung, sing jenenge pacarane arek jaman sak mono, gak cumak dulat-dulit, tapi yo dulak-dulek.
Kathik milih nggon pacaran ae yo ndik losmen barang. Cobak, opo maneh sing arep didulek-i nek wis ndik kamar arek loro ngono iku. Pisanan kedadeyan mabuk-mabukan sampek mendem lali, ngantek wong loro mudo bareng, terus dulinan mama-mama-an, papa-papa-an.
Jenenge wong lali, yok opo se....,
Pecut diseblakno, barang kebacut diapakno.
kedadeyan, wis. Bareng wis mari, saropah kaet eling, nek wis nglakoni perbuatan sing kudune durung oleh karo agama.
Saropah nangis ngguguk. "Onok opo dik, kok awakmu nangis?", takone Mbah Sarkim.
" Yok opo katene gak nangis, cak, awakku iki saiki wis gak suci, wis kotor, wis kenek noda", kondo ngono ambek tambah buanter nangise Saropah.
Mbah Sarkim langsung nyaut : "Perkoro noda ojok kuatir, Dik. Aku duwe produk sing jenenge sabun deterjen anti noda. Bahkan, noda bandel sekalipun"
Saropah yo tambah get olehe nangis karo gulung gemek, rek..... !!!.
@÷#$=%$×€&_£*¥

Komentar

Postingan Populer