EDO ISKANDAR

WARISAN...

Pak Murkisid 95th, Morotuwane Mbah Sarkim yoiku Bapake Saropah.
Bapake Saropah iku pengusaha susu sederhana sing lagi sakaratul maut mergo loro tuwa nang Rumah Sakit Karang Menjangan,,,.
Dikancani telu anake 1.Saripah, 2.Rapikah karo 3.Saropah karo bojone Surti, Pak Murkisid berusaha ngomong nyampekno wekasan terakhir sakdurunge mati utowo nyowone ucul teko ragane,,,
Pak Murkisid: "Saripah,,,! kowe Bapak warisno papat blok apartemen persis ngarepe Rumah Sakit iki yo nduk,,,!"
Saripah (Matane koco koco kudu nangis): "Iyo Pak, Iyo Pak,,,! Suwun,,,!"
Pak Murkisid: "Rapikah,,,! nek Kon tak kek'i enem deret omah mewah sing ndik perumahan Ciputra iko ae yoo,,,!"
Rapikah (Langsung nangis ngguguk): "Iyo, Pak,,,! Suwun, Bapaaak,,,!"
Pak Murkisid: "Lha kon Saropah,,,! Kon tak kek'i Komplek perkantoran sing ndik H.R.Muhammad iku ae yoo kavling 5 sampek kavling 19,,,!"
Saropah (Nggak Kuat nahan Tangis): "Iyo Pak, Suwun, Pak,,,! Hiks, hiks, hiks,,,!"
Pak Murkisid: "Terus terakhir, gawe Emakmu Surti,,,! Tak wenehi 3 komplek perumahan sing ndik Sinar Galaxy,,,!"
Surti (Bojone Pak Murkisid): "Iyo, iyo, iyo, Pak,,,! Wis Nggak usah kepikiran, Bapak tenang ae,,,!"
Perawat Rumah Sakit sing jenenge Tutik sing wis ngrungokno kaet awal omongan antara Pak Murkisid karo telu anak-anake karo bojone, bisik bisik nang Surti bojone Pak Murkisid: "Waaah,,,! Nggak nyongko nggih buk, Bapak niku masiyo cumak pengusaha susu sederhana, tapi warisane,,,? Subhanallah, Alhamdulillah nggih, kabeh angsal warisan damel keluargane,,,!"
Surti (Nyauti Komentare Suster Tutik): "Sampean nek gelem, tak wenehi warisanku salah sijine sing diwenehi bojoku iku mau Suster,,,! Aku ikhlas kok, Temenan Suster,,,!"
Suster Tutik: "Ah temen tah buk,,,? Ibu serius nopo cuma guyon niku,,,?"
Surti: "Aku serius, Suster,,,! Aku kan wis tuwo, nggak onok gunane warisan-warisan iku,,,! Mergo aku yo wis nggak kuat,,,!"
Suster Tutik: "Kok nggak kuat sih, Buk,,,? Nggak kuat nopo,,,? nopo mboten kuat ngramut gedung gedung niku wau tah, Buk,,,?"
Surti: "Enggak, Suster,,,! Sing Bapak warisno nang aku karo telu anake iku mau kan RUTE-RUTE PENGANTARAN SUSU ne sing abonemen,,,!
Aku wes gak kuat nglakokno usahane bapak Loper Susu, Suster,,,"
"%$#@&%$#@,,,???"

Komentar

Postingan Populer