DAGELAN EDO ISKANDAR

GAK ISO RENANG....

Sapari bingung nggoleki Saropah bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire ketemu.
Sapari kuaget pol, lha kok tibake Saropah lagi ndhodhok ndhik tengah lapangan bal balan, waduh sempel wong iki pikire Sapari.
Seko pinggir embong Sapari mbengoki Saropah bojone.
"Ooooiii !!! Laopo kon ndhik kono dik Saropah ?" jare Sapari ambek bengok-bengok.
"Lho sampeyan gak kethok tah, iki aku lagi numpak perahu Cak nang tengah segoro" jare Saropah.
"Waduh dik, mulakno wong podo ngarani awakmu iki gendeng, wong kelakuanmu pancene koyok ngono dik. Ayok ndhang mulih, ojok ngisin-ngisini aku" jare Sapari emosi.
"Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak e golek iwak dijak muleh" jare Saropah.
"Mulih tah nggak !!!" jare Sapari muntap.
"Emoh Gak gelem!! " jare Saropah.
"Tak gibheng lho yo kon engkuk !!!" jare Sapari.
"Rinio lho lek wani !!" jare Saropah nantang.
"Oo... saking ae aku gak isok renang" jare Sapari.
!@×#+÷$=^%^_&€£*¥()₩

Komentar

Postingan Populer