DAGELAN EDO ISKANDAR

BAKSO SPANYOL

Mbah Sarkim ngelencer nang spanyol arep ndelok matador.
Mari mlaku mlaku wetenge Mbah Sarkim luwe terus mampir melbu restoran.
Maringono Mbah Sarkim takok menu nang pelayane menu opo sing paling enak.
Karo pelayane ditawani Bakso Spanyol, Mbah Sarkim setuju.
Gak suwe panganane wis teko, didelok tibake baksone cuma isi pentol mek loro ndil karo dihias godong tales cik meriah.
Gak kesuwen mergo keluwen disikat langsung ambek Mbah Sarkim.
Pentol loro diuntal sak emplokan mari, tibake wuenak temen pikire Mbah Sarkim.
Mari mangan wayahe mbayar Mbah Sarkim iseng takok pelayane "Daging opo iku mau, kok uenak pentol baksone ?"
Pelayane ngomong nek iku ngono biji pringsilane banteng sing mati mergo kalah tarung karo matador.
Pas krungu jawaban iku Mbah Sarkim rodok kudhu muntah, tapi mergo enak yo wis gak opo opo.
Cumak pas wayahe mbayar Mbah Sarkim kaget mergo tibake regone super luarang meh sak juta, untung nggowo duit sangu.
Sisuke Mbah Sarkim tuman, teko maneh pingin ngrasakno bakso spanyol koyok wingi.
Tapi eling eling regone larang, Ambek budal Mbah Sarkim sangu kecoak mati dilebokno sak klambi.
Pas panganan bakso spanyol teko, didelok saiki pentole ketok rodok cilik timbang wingi. Gak opo opo wis sing penting enak.
Mari mangan Mbah Sarkim nyemplungno kecoak nang mangkok ambek bengok bengok.
"Aku gak gelem mbayar, mosok baksone onok kecoake !" jare Mbah Sarkim.
Pelayane akhire ngalah, Mbah Sarkim gak perlu mbayar.
Mbah Sarkim sueneng akal buluse berhasil.
Pas katene metu restoran, Mbah Sarkim protes maneh nang pelayane opoko kok pentol baksone malih cilik gak koyok wingi.
Pelayane crito nek dino iki MATADORE sing KALAH.
@#$%÷€=£¥₩)(*&^^^×%%÷£

Komentar

Postingan Populer